Call for participation/Appeal letter/jv

From Strategic Planning

Please note: this text is ready for translation, but please do not distribute it yet.


Angèl dipercaya yèn kurang saka sepuluh taun kapungkur, Wikipedia durung ana. Saiki, 330 yuta wong migunakaké Wikipedia saben wulan, andadèkaké Wikipedia sawijining sumber kawruh jroning jaringan sing paling kerep dipigunakaké. Atusan èwu rélawan wis mbangun lan miara werna-werna proyèk Wikipedia ing wolung taun pungkasan.

Senadyan wis nggayuh cukup akèh, nanging kita isih adoh saka gegayuhan wawasan donya sing saben wong bisa bébas mbagi kawruh sacara bébas. Kepriyé cara mbangun suksès kita kanggo ngadhepi tantangan sing ngadhang ing ngarep? Kurang saka sapraliman saka pedunung donya nduwèni aksès marang internèt. Sauntara atusan èwon rélawan wis nyumbang proyèk-proyèk Wikimedia saiki, para rélawan iki ora makili kabèh kabhinékaan donya. Akèh pilihan cumepak kanggo mbangun gerakan saindhenging donya kanggo nyipta lan mbagi kawruh bébas.

Kita wiwiti prosès setaun lawasé kanggo mbangun rencana strategi gerakan Wikimedia. Sacara khusus kita nyoba mangertèni:

  • Ing ngendi kita saiki?
  • Menyang endi kita arep tumuju limang taun sing bakal teka?
  • Kepriyé cara tumuju mrana?

Bantu kita nemokaké jawaban pitakonan kasebut. Jelajahi, princi, tuduhna apa maknané kanggo visi lan aji sing kita karepaké. Iki limang cara mbiyantu:

  • Gabung gugus tugas. Kita lagi nyusun gugus tugas sing bakal nlusuri manéka topik lan prosedur lan nyusun rékomendhasi sing magepokan. Ndaftar mèlu partisipasi, utawa bangun klompok adhoc dhéwé.
  • Wènèhi weruh kita kepriyé panjenengan bisa mbiyantu. Yèn panjenengan ahli ing perkara sing kita adhepi, gabung ing database ahli kita. Iki bakal ngidinaké gugus tugas lan rélawan liya takon marang panjenengan, lan panjenengan bisa njawab yèn duwé wektu.
  • Pacak gagasan panjenengan. Tulis proposal ngenani strategi wiki, lan bantu ngorganisir lan ningkataké proposal sing wis ana. Posting gagasan ing blog panjenengan, utawa mailing list, lan ing jejaring sosial kaya Identi.ca, Twitter, lan Facebook. Tag psoting kasebut nganggo #wikimedia utawa link marang posting kasebut ing strategi wiki saéngga wong liya bisa mirsani.
  • Anakaké rembugan bab strategi. Supaya bisa mbangun rencana sing becik, kita butuh partisipasi wong akèh. Ora mungkin gugus tugas bisa rembugan karo kabèh wong sing duwé gagasan ngenani mngsa ngarep Wikimedia. Ing kéné panjenengan bisa mbant anakaké rembugan dhéwé ngenani strategi, langsung utawa jroning karingan, lan pacak asilé bab strategi wiki. Ana cithakan lan piranti kanggo madhahi sèsi strategi ing strategi Wiki.
  • Wicara marang kita. Kirim umpan balik menyang tim strategi. Pratélakaké gagasan panjenengan, pengarepan panjenengan, kekuwatiran panjenengan, sasaran panjenengan tumrap proyèk-proyèk kita. Kirim umpan balik menyang menyang strategi Wiki, utawa kirim layang-e menyang strategywikimedia.org.

Yèn panjenengan ora bisa mèlu partisipasi, panjenengan bisa mèlu nyumbang kanggo mbantu proyèk iki? Sumbangan bakal ndhukung program kawruh bébas global sacara langsung. Kita uga butuh rélawan ing proyèk-proyèk kita, ningkataké tèknologi, lan mbantu kerja nganggo cara-cara liya.

Abad iki wis nganugerahi kita kasempatan emas kanggo transformasi peradaban, lan nyipta kasempatan sing padha marang kabèh jalma manungsa. Kita ngarep-arep panjenengan bisa gabung kita nganggo bebarengan karo saben wong ing planèt iki.

Salam,
Michael Snow
Ketua, Wikimedia Foundation
Jimmy Wales
Pendhiri Wikipedia lan Wikimedia Foundation


Email responder

Matur nuwun wis ngabari Tim pangembangan strategi Wikimedia Foundation. Layang-e panjenengan wis katampa lan bakal énggal diwaca. Kita bakal ngubungi pawongan sing kapilih kanggo gugus tugas. Panjenengan uga disumanggakaké gawé gugus tugas dhéwé, migunakaké bahan ing strategi wiki (http://strategy.wikimedia.org) kanggo nglapurake bali asil lan rekomendhasi. Salam, lan matur nuwun wis kersa mbantu.

Salam taklim,

Sitenotice

  • Rewangi mbangun mangsa ngarep Strategic Planning lan proyèk-proyèk kagandhèng!
    <a href="http://volunteer.wikimedia.org">Waca layang</a> saka Jimmy Wales lan Michael Snow.

Title

Waca layang saka Michael Snow lan Jimmy Wales.