Community guidelines/jv

From Strategic Planning

Kaca iki dhasar dhokumèn paugeran komunitas ing wiki iki.

  1. Iki sawijining wiki. Panjenengan disuwun mèlu nyunting kaca.
  2. Senadyan isiné kabuka lan bisa disunting, papan iki uga 'aman'. Ora ana gagasan sing ala ing kéné. Yèn panjenengan ora sarujuk, ajokaké masalahé, nanging coba aja gawé gendra.
  3. Senadyan kita berjuwang jroning lingkungan panjupukan kaputusan sacara tarbuka, kadang ana waé kaputusan sing kudu dijupuk déning pangurus.
  4. Ora ana wewaton proyèk inti ing kéné; yakuwi, kita ora ngimpor kabèh aturan saka proyèk liya. Wiki iki ditata kanthi asumpsi yèn saben wong nduwèni "pituduh" lan ora bakal lali ndèlèh "pituduh" iku ing panggonan liya. Tindakan administratif (kayadéné block lan ban) bisa lumaku ing kéné. Lan kita yakin bakal ana vandalisme.

Sacara umum, wiki iki dioperasèkaké ing sangisoré aturan emas: nganggep apik. Percaya liyan ngayahi apa sing apik, lan ngarepaké liyan mrepaya panjenengan ngayahi bab isng apik.